Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 98 -

Anehe, wit2an kang racak cendhek2 sanajan isih padha seger2, , nanging yen kapecok kanggo totor, kayune iya gumridig kaya kayu guring bae.
Jaka Lelaa: Punapa sanginggilipun Arga Dhalem taksih wonten papan kangge pepunuhen, pak?
Kyai Wangsa: O, isih ana ngger. Ing sadhuwure Arga Dhalem isih ana pucak loro manch. Sig dhuwur dhewe aran Arga Dumiling: sangisore aran Arga Dumilah, banjur Arga Dalem kene, sing umume kanggo Jujugane para Sadulur kang suncaya nyuwun barkah dulem Sinuwun Lawu
Jaka Telana: Lha, sapunika kula rumaos sampun gamblang kawontenan ing Arga Dhalem ngriki. Sapunika sumangga kula dherekaken tindak2 nitipriksa kawotenan sanes2ipun.
Kyai Wangsadriya mlampah ngaler ngilen (mandhap) dipun tutaken Jaka Lelana dumug papaa wiyar ngen tak enthak boten katuwuhan punapa2, kajawi sela pating jenggeleg. Papan wau dipunwastani Pasar Diyeng, inggih punika pekenipun para lelembat. Awit yen ngleresi pekenan kapireng swanten warni-warni, nanging boten wonten wujudipun. Sacelakipun peken wonten tumpuka sela, ingkang winangun kados kuburan. Miturut gotek, punika pasareanipun Kyai Sapujagad. Saking Pasar Diyeng lampahipun Kyai Wangsadriya tuwin Jaka Lelana ngaler ngetan dumugi papan ingkang pinageran mawi sela mubeng, inggilipun watawis sameter kepara langkung sekedhik. Ing ngajengan mawi kori blak2an. Salebetipun papan wau wonten sela winangun kados meja. Sanginggilipun meja wonten selanipun ingkang kawangun kados tumpeng ageng alitipun cekapan. Saleripun meja wau wonten griyanipun alit kados patrolan, kadamel saking kajeng dalah sapayonipun Papan wau dipun wustani Sela Tumpeng utawi Sela pundhutan. Miturut kapitadosanipun sadherek, sinten tiyangipun ingkang kuwawi mbekta sela tumpeng wau ngangge tangan kiwa (patrapipun kasangga ing epek2) lumampah ngubengi meja sela wau, badhe kadumugen ing sasedyanipun. Dene griya alit kados patrolan wau kangge pandekekan wilujengan sauba rampenipun saking para sadherek ingkang rumaos katarimah panyuwunipun.
Kyai Wangsadriya kaliyan Jaka Lelana wangsul malih dhateng Arga Dalem, ngaso wonten bangsalan ingkang ginebyog sarta pinayoman seng.