Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 100 -

Sarta banjur diparingi tanah predikan, minangka padhepokane, Sunan Ngampel Denta iku putra keponakane prameswari Nata. Bareng Kraton Majapait kabedah dening R. Patah, Sultan ing Demak Miturut pengetan rusake Kraton Majopait ing taun Masehi 1470. Taun Jawa sengkalane n uni : Sirna = 0; llang = 0. Kerta (ning) = 4. Bumi = 1. Dadi cethane; Sirna Ilang Kertaning Bumi taun Jawa; 1400 Sang Prabu Brawijaya nandang gerah ana ing pandhepokane Sunan Ngampel Denta (Surabaya) Ing wektu iku putrane Sang Prabu kang angka 23 asma R. Gugur ngadhep ing ngarsane ingkang rama kang pinuju gerah Sawise R. Gugur nampa pangandikane Sang Prabu kang werna2, ing kono Sang Prabu banjur surut ing kasidan jati (seda). Saparipurnaning pangruktine layon, R Gugur banjur dhedhukuh ana ing sikile gunung Lawu nganti sak muksane, kang sabarjure jumeneng Sinuhur Lawu. Dene padhukuhan kang tilas didalemi tumeka saprene karan dhukuh gugur. Kajaba kang ana ing Ga. Lawu iku Sinuhun Lawu ana maneh kang sinebut Sunan Lawu Mungguh dedongengane mengkene:

Nalika ingkang Sinuhun Paku Buwana VI ing Surakarta kakekandhangake menyang Ambon garwa Dalem ya iku Kanjeng Ratu Ageng ora nderek, amarga mbobot sepuh Bareng wis tumeka wancine arep mbabar ingkang raka Gusti Kanjeng Pangeran Arya Mangkubumi Surakarta III. nenggani (anggone ingkang rayi arep mbabar). Ing kono Gusti Kangjeng pangeran mireng cengering bayi. Nanging ora ana wujad: kijabaug Ing batos Gusti Pangeran sakelangkung lingsem panggalihe. Ora antara suwe kapireng maneh cengering jabang bayi : dipirsani, jabang bayi maujud (= ana). Ya iku kang ing tembe jneneng Ingkang Sinuhun Paku Buwana IX Dadi cethane Kangjeng Ratu Ageng mbabar kembar. Nanging kang miyos dhisik ora ana - Gampang - ana ilang. Miturut lumrahe ing akeh anak kembar iku kang lair dhisik, dianggep kang dadi enom Dene kang lair keri kang dadi tuwa.

Kocapa ing sawiji dina, wektu Iagkang Sinuhun Paku Buwana IX isih timur, ngarepake supit, Ingkang Sinuhun nandhang gerah, njalari prihatose penggalihe Kangjeng Ratu Ageng sakulawar-