Kaca:Sarwasastra.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 83 -
NANDAKA PRAKARANA
I
.

Hana ta sira sang brāhmaṇa, kasyasih ta sira nguni ri purwakanira. Sira ta utsäha mamujā ri sang hyang Içwarapratistha, mapinta wara nugrha. Sinungta sira nugraha asing kapanggih de nira, ya teka makasadhana dalanira banyaga. Kancit ta siramanggih lembu lanang satunggal rupanya sulaksana. Apan ika wěka sang Nandini, ya ta nimitanya kepwan rumakşa ri panugraha bhațăra. Apan nguni sang siddhapuruşa, sama sinung nugraha de hyang Çiwa, ikang lembu kanya. ,,Sawyakti bhagawan Wasista sinungan sang Nandini, pinaka - panugraha bhațara: Asing sãdhya nira kasiddha, mijil ikang pĕhan ing lembu. Ika pwa mangke lěmbu lanang, mapakĕnangkwa teki ?" Mangkana ling sang brāhmaṇa.

Dadi pwa ya winwatanira kayu ikeng lembu, winawa mareng alas de sang brahmana. Satěkanyeng umah dinwal ikeng kayu dadi bras artha ikang kayu. Çesa nikang bhinukti, winělyakĕnireng bhanda; mogha wrěddhi; memběh ikeng Nandaka rwa tělu, mabangun çakata. Yateka mwat bhanda dagangan, ya ta sang brāhmaṇa, mawěkasan pwa sira creşṭhi brāhmaṇa, sugih sira. Lembu makweh, sayamwati bhāṇḍa ikang Nandaka purwaka; mewiwu ikeng lembu amwat bhanda dang brahmaṇa, mabanyaga ri deça nikeng madhya.

Mapa ta kunang ikeng kala? Umara ta sire Udyani Malawa, amawa dwal nira. Sahasra kweh nikang padati inra; lungha lampah nira haneng marga gunung alas, mwah jurang kahaliwatan de nira.

Hana ta sěma masamipa gunung, munggwing Udyani Malawa, masami walahar madrěs, wwainya majro mahěning, makweh matsyanya. Alasnya magöng, akweh mrganya, lwirnya kenas, manjangan, mwang wěk, mrěga - taru : wre, lutung, urang-utan, uwa-uwa, busa-wuk, jalarang walang-kapa, tuwi mrga-rodra: macan tutul, macan reng-reng, macan wulung, warak, gajah, mrgapati singha, barwang;