Kaca:Sarwasastra.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 84 -

çaça, dorapa, satwa kombala; tampaknya měgat-měgat marga. Mwang paksinya wijah ing kaywan. Mangkana ramya nikang alas ring Udyani Malawa.

Yeki inungsi de sang brāhmaṇa, rumuhun ta sira mahawan kuda, amilihy unggwanira mararyana. Tiningkah nira dunungan n ing padati, ikang yogyaneng dalěm lawan ing jaba, ring pangan ikang rumakşeng sira mwang ikeng mamwat bhaṇḍamulya samanya. Yeka hetu ning rumuhun. Mangkana tingkah ira nityakāla haneng panginĕpan. Wus prapta ikang padati kabeh, sampun tiningkah prĕnahnya sowang-sowang.

II
.

Anghing ikang gulungan tunggal durung datĕng ikang winatěk de sang Nandaka. Mojar ikang wrsabha idalěm hatinya ,,Aduh tang wwang sang Dharmaswami ngaranya. Ngaranya juga Dharmaswami, ulahnyatyanta denya papakarma. Nguni kalanyan duhka kasyasih, daridra mulanya, nghulun prihawak mulangkw aḍateng den wwati kaywakeh, den dol ikang kayu, ya ta dadi bras; bras ika den wwatakĕn i nghulun, daganganya, ya ta dadi mãs; madangang sanghulun, amwat bhandanya, midĕr ing deçantara. Mabanyaga ulahnya; wrddhi dadi mawrddhya; lembu rwatělu matĕmahan satus. Dening wrdhi ning lembu mangke mewu pada sarathinya, kabeh den mwatinya bhandanya. Kathamapi nghulun tan wineh manginak-inak nghulun; madaganga sira, mwang padăti winatěk mami. Anghing ngwwang juga wrat, mami tan sama lawan lembu kabeh; kunang lingnya dumeh ngwwang makělar tur manuh, tatan hana maḍanana!" Mangkana ling nikang lembu ri dalěm twasnya.

Mangkin saya parěk ta sang brāhmaṇa, kunang ikang Nandaka gumětěr awaknya, malělö matanya, mawěkasan mangrimpuyuk, měnggah-měnggah maměkasi urip; mangkana swabhawanya. Datĕng sang Dharmaswami anggrěk lampahnya. Tumurun ta sira sangkeng kudanira manangisi sang Nandakanapa: ,,Haywa tāku kinalalisan, ndi ta sihtenghu-