Kaca:Sarwasastra.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 102 -

alah ta yãtakut de ni prabhãwa nira. Sira ratu cakrawarti, gumawe suka ning loka, magawe ta sira yajna, makapurohita bhagawan Kaṇwa sira. Sang Bharata kottaman ira, sira ta hetu nimitta ning Bhãratakula hana mangke.”

***
SANG BHĪSMA ANGULATI RĀJAPUTRĪ.
(Adiparwa 98).
I.

Prihati ta sang Bhĩsma ry ari nira turung mastrĩ salah siki. Dinon ira tang ratu sãmanta kabeh, sakawaça denira bapa nguni. Angulati ta sira rãjaputrĩ sayogya pakastrĩny ari nira kãlih. Hana ta mahãrãja Kaçipati ngaranira, mãnak kanya tělung siki. Ngaran ing putri: Sang Ambã, sang Ambikã, sang Ambalikã, paripurna ring hayu. Kadi widyãdharĩ rupanya. Ya ta sinwayambaraken karěngö ring purantara. Milu ta sang Dewabrata ring swayambara makoliha ning ari nira kalih mapakěna striya nira ikang kanyābhiprãya nira. Datĕng ta sireng Wãranãwatĩ, kaḍatwan mahãrãjã Kaçipati. Kapanggih ta papupulan ing ratu sãmanta, sang milu ring swayambara. Abhrã sinang tang sabhã dening koparĕnggãn sang kanya tělung siki. Mojar ta sang Dewabrata ri sang ratu sira kabeh.

„Ai bhumiphãla kita sahana ning ratu milu ring swayambara! Ikang kanyã wiwãhan de ning wwang kadi kita prabhu. Pilih lwirning mãs mani rãjayogya, lwir ning kaçaktin kunang, yan dadi harşa wiwãha, tinarimakĕn sahawidhi widhãna, dadi swayambara mãrganya waneh. Hana ulih ing angalap sakeng walãtkãra. Ikang wiwãha ulih ning walãtkãra, yan tika lwih ri sakweh ning wiwãha yan ing prabhu, lwih pwa ya gawayakna nghulun mangke ikang walãtkãra, matangyan alapĕn i nghulun ikang kanyã tigang siki. Asing krodha ya lãwana mami mapranga. Yatnã ta kita kabeh Tuměkãkna kaharĕpta.“

Mangkana ling sang Dewabrata. Inalapnira ikang kanya tigang siki, iněnah nireng ratha ikang kanyã. Lunghã ta sira sakeng sabhãmandala.

*