Kaca:Sapu.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

ana sing ngerti rasa tresma iku tekane liwat ngendi, Mula ora bisa disalahake yen saben uwong bnjur nduwene rasa tresna marang liyar.

 Rasa tresna ora bisa diatur kapan tekane lan kapan lungane. Rasa tresna ora bisa didelok ora bisa dirungokake. Rasa tresna amung bisa dirasakake ing ati. Rasa tresma kang sejati amung ana siji. Rasa tresma ora bisa disalahake. Rasa tresna marang Sapa wae pancen wis dadi pesthining Gusti. Awak dhewe mung bisa nrima. Rasa tresna marang liyan ora bisa diukur nganggo timbangan. Ora bisa diukur nganggo meteran. Ora bisa diukur ngangge ganisan. Mung kecaping lathi kang makili rasa tresna kang ana ing ati. Kecaping lathi tumencep ana ing ati. Kecaping lathi anggawe bungahe ati, nanging bisa uga nelangsane ati.

 Jaman saiki para nom-noman wis pada genah apa iku kang diarani pacaran. Pacaran dianggep lumrah. Pacaran wis dadi kebutuhan pokok kang kudu ana saben dinane. Malah bocah SD yo wis genah apa iku pacaran. Biasane pada lok-lokan njur padha pacar-pacaran. Bocah SD wis genah apa maneh bocah SMP lan SMA/SMK, Baocah SMP lan SMA rasa tresnane marang liyan saya gumedhe, saya akeh.

 Ana ing njero sekolahan rono rene gandengan. Ana ing njaba sekolahan ngalor ngidul gandhengan. Teknologi kang saya canggih gawe rugine pacaran saya akeh, Lewat internet bisa nggolek informasi-infornasi kang durung wayahe dingerteni. Lewat FB bisa kenalan marang liyan. Ketemu pisan banjur dadi cilaka. Contone bisa dirampok.

 Pacaran jaman biyen pacen beda adoh karo jaman saiki, Jaman biyen isih padha isen-isen yen mbeneri keberu. Yen jaman saiki, pada ora duwe isen, malah ngisen-isenke. Pacaran jaman biyen iseh nggango surat. Rasane seneng yen pak pos teka nggawa surat saka pacare, Yen jaman saiki, surat wis ra kanggo lan ra tau dienggo amarga wis ana hp, fb, lan liya-liyane. Surat tekane pirang-pirang dina, Yen hp, tekane samenit, Pacaran jaman saiki wis pada ora ngatekake bab agama, sosial, hukum, lan sapa-

87