Kaca:Sapu.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PACARAN SUWUNG
Lasmiyati
SMA Negeri 1 Sentalo


Manunga uripana ing alam donyo ditakdirake ora bisa urip dhewekan. Mesti mbutuhake liyan. Para nom-noman yo padha kekancan marang liyan. Yen lanang lan wadon kekancan bisa kasebut pacaran. Pacaran mujudake proses nggoleki rasa cocok marang liyansedurunge mlangkah ing pelaminan. Pacaran akeh untunge lan akeh rugine. Untunge pacaran padha karo untunge kekancan, yaiku bisa ngetokake unek-unek kang ana ing ati. Unek-unek mau ana sing nggatekake, ana sing bisa njajake, ana sing bisa ngancani nalika seneng utawa susah, ana kang bisa mbiji penemune awake dhewe, ora ruamangsa dhewekan, saben wayah dikancani, lan sapanunggale. Seambrek untunge pacaran ya seambrek tunane pacaran, Tunane ulawa rugine pacaran beda kare rugine kekancan. Rugine kekancan didelok karo sapa kekancane. Rugine utawa tunane pacaran okeh, yaiku ngurangi wektu. Pancen, pacaran mbutuhake wektu kang ora cendhek; bisa gawe ora jujur; durung maneh yen duwe pacar matre kang marahi bores; nggawe pikirane ora bisa konsen amarga mung mikirake pacare; mampetke cita-citane amarga sing dipikirake amung pacare dhewe; bisa ndadekake fitnah; bisa nambahi dasa, lan sapanunggale.

Asal usule pacaran, yaiku saka rasa tresna kang gedhe marang liyan kang ndadekake anane rasa pengen nduweni. Ora

86