Kaca:Sapu.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

nunggale, Agama islam ora ngajarake bab-bab pacaran. Pacaran jaman saiki sing digoleki amung enak lan penake dhewe, Ora peduli yen bakal gawe cilaka liyan. Pacaran jaman saiki amung nuruti hawa nepsu kang gedhe. Pacaran jaman saikiseng nuntun setan. Setan kang ana ing njero getih nggawe hawa nepsu saya gedhe. Awake dhewe kudu bisa perang marang setan lan kudu menang nglawan setar

Saben wayah bocah nom-nornan dolan marang pacare. Ora kelingan pawean wong tuane. Sing dielingi amung jaluk dhuwit kanggo njajakake pacare. Ora kelingan sayahe awak nyambut gawe awan bengi.

Pacaran bisa gawe wirang lan tangise wong-wong sace- dhake, utamane wong tuwane. Akeh bocah enom kang pacarane nggawe tumetesing luh tumrap wong tuwane. Pacarane wis nyimpang. Pacarane wis kekehan hawa nepsu kang ora bisa di- kendalekake. Akeh bocah nom-noman kang kepeksa metu se- kolahe amarga “kecelakaan” utawa meteng sedurunge rampung sekolah. Na’udubillahimindakig. Sapa sing rugi yen mangkono critane?

Kabeh mau kasunyatan kang ana ing tengah-tengahing ma- syarakat desa utawa kutha. Kasunyatan kang gawe mrindinge wulu, kang marakake ngelus dhadha. Kuwi mau kasunyatan kang wis dadi biasa ing masyarakat kene. Kagunyatan kang bisa gawe tumetesing banyu abang.

Jan-jane ora ana sing nglarang pacaran. Sing baku kudu bisa nggatekake bab-bab kang perlu digatekake, yaiku agama, sosial, ekonomi, biologi, hukum. Pacaran kudu bisa gawe awake dhewe hawih becik ketimbang ora duwe pacar. Pacaran kudu bisa njaga awake dhewe supaya ora ndadekake tangise wong tuwa. Sajatine, pacar kang tresna tenan marang pacare ora bakal ngrusak pacare. Ora menehi efek sing negatif marang pacare. Nanging, malah njaga pacare. Ora tau nesu marang pacare malah

bisa ngerteni pacare. Pacaran kang becik lan tansah eling marang

88