Kaca:Sapu.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

neh nuhoni kepiye kang sajatine dadi Jawa kuwi. Klebu, kepiye anggone nganggo lan matrap undha usuking basa Jawa.

Anane rasa kuwatir mau magepokan karo kasunyatane kalangan mudha saiki kang luwih seneng nggunakake basa gaul utawa basa manca ing padinane.

Menawa ditintingi, wong manca kang teka ing Indonesia sajatine akeh kang malah kepengin sinau basa Jawa. Apa iya, besuke klakon basa Jawa punah. Banjur, yen wong Jawa bakal sinau basa Jawa, malah kudu meguru marang wong manca. Kahanan kaya ngono mau prelu dimangerteni dening masyarakat Jawa.

Undang-Undang Dasar 145, Pasal 36 miterang menawa, “Bahasa negara adalah batiasa Indonesia.” Mula, masyarakat kang kurang mangerteni banjur padha nggunakake basa Indonesia minangka basa pasrawungan. Bab kang kaya mangkono mau ndadekake basa Jawa, uga basa-basa dhaerah liyane, saya kakiwakake. Panganggone mung winates tumrap pirembug kang asipat dinan lan sepele. Mula, panganggone basa Jawa, mligine tumrap kalangan mudha, saya ora digape.

Miturut satunggaling redaksi internet, ing “platarane” basa Jawa gampang diprangguli ora cocoging lathi karo tumindak. Lathine muni menawa basa iku (minangka peranganing kabudayan) kudu tansah nut ing jaman kalakone, mesthi ngalami owah gingsir. Nanging nyatane, sawermane pengaruh saka jaba, kayadene basa manca lan basa nasional, dianggep ngrusak basa Jawa, sa0ra-orane minangka polusi. Kaya-kaya basa Jawa iku kudu mbegegek, mbeguguk ngutha waton. Mangka jroning sesrawungan global, anane daya-dinayan kaya mau ora bisa diendhani maneh. Mula, becik kudu ditampa kanthi positif lan kreatif.

Kanthi mangkono, kalangan mudha ing Jawa kudu bisa ne-

ngenake daya positif saka sesrawungan global, Nanging, kabeh mau ora liya kudu kawiwitan saka sadhare masyarakat dhewe. Basa Jawa kuwi nduweni plataran kang sempit ing alam global.

83