Kaca:Sapu.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

rasa-pangrasaku, kaya-kaya ana wong sing Tumangsa isin yen nggunakake basa Jawa ing saben dinane. Kajaba kuwi, uga ana panganggep yen nggunakake basa Jawa kuwi kuno. Semono uga, ana wong tuwa kang kudune mulangake bab basa Jawa wiwit cilik, nanging seumuran balita malah wis diajari basa Inggris. Awit kang kaya mangkono mau, bisa dipitakonake, tekan kapan basa Jawa bisa lestari.

Pancen apik yen bisa basa Indonesia uga bisa basa Inggris. Nanging, prelu dielingake yen mulangake basa dhacrah kuwi uga penting. Eman, kasunyatane ana wong tua kang ora kepikiran yen basa dhaerah, basa Jawa iku, nduweni piguna kang gedhe. Piguna mau magepokan karo unggah-ungguhing manungsa ing laku lan tumindake. Cundhuk karo sipate basa Jawa kang nduweni tingkatan: ngoko, ngoke alus, krama alus, krama inggil, lan sabarjure. Saka tingkatan iki, bisa dingerteni sepira luhure unggah-ungguhing masyarakat Jawa. Mula, mulangake basa Jawa wiwit cilik iku prelu awit uga ateges mulangake unggah-ungguhing manungsa kang becik.

Ora kaget yen kalangan mudha saiki Jali karo basa daerahe dhewe uga unggah-ungguh kanggo wong sing luwili tua. Kasunyatan mau cocog karo manfaat basa Jawa kang bisa mulangake unggah-ungeuh, nanging malah wiwit dilirwakake ing sajrone padinan.

Menawa basa-basa dhaerah, klebu Jawa, kuwi punah; masyarakat Indonesia ora bakal bisa dadi negara kang kuat. Kepiye ora? Yen pasrawungan saben wonge wae ora kuat, negara uga mesthi ora bisa dacli negara kang bakuh. Pambudi kang ora gampang, yakuwi keplye supaya basa Jawa, uga basa-basa dhaerah liyane, lestari minangka basa padinaning masyarakat Jawa. Tuwuhing rasa was sumelang mau cundhuk karo kasunyatan kalangan mudha saiki kang tansah gawe prihatin. Kabeh maw ngelingake anane tetembungan Wong Jawa lang Jawane. Tetembungan kang ngemu teges wong Jawa, nanging ora mangerteni, apame-

82