Kaca:Sapu.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Basa nasional uga basa asing dadi basa kang penting. Mula, basa Jawa banjur kurang ditengenake saka sesrawungan generasi mudha.

Basa Jawa kalah kondhang tinimbang basa Gaul. Ya gene kaya mangkono? Basa gaul nduweni papan kanggo nampa kreativitas masyarakat. Basa Jawa, diakoni apa ora, kebacut nduweni kesan minangka basa sing ora gaul. Ora mung kuper, nanging malah ndesit lan kuna.

Kahanan mengkono sithik-akeh banjur njalari basa Jawa miarat kreativitas, prasasat ora menehi kalodhangan kanggo ananeé basa Jawa gaul. Basa gaui kuwi sajatine ora kudu ngadohi jaman kang wus lumaku ing kuna uni. Miturut salah satunggaling redaksi, basa gaul temene biga ngrengkuh jaman biyen uga wektu iki, sing kutha lan sing desa, sing domestik lan sing mambu kulonan.

Kalangan mudha saiki luwih seneng nggunakake basa Jawa kang praktis: campuran saka ngoko lan krama, bisa ngramakake awake dhewe, klebu campuraning basa Jawa lan basa Indonesia. Mangkono mau kang gawe tatanan basa Jawa ana ing Kalangan mudha rusak, Basa Jawa, tumrap nom-noman, dianggap angel amarga akehe unggah-ungguhing basane. Basa Jawa banjur ora bisa dinggo sakepenake; kabeh kudu trep karo tatanane. Awit kuwi, basa gaul banjur luwih di senengi. Kayane, marga dianggep ora kuna lan ora ketinggalan jaman. Basa Jawa, kang biyene biasa digunakake ing pasrawungan, sansaya kadheseg.

Suruding basa Jawa, uga basa-basa dhaerah liyane, dudu kasunyatan kang pener, Awit, basa Jawa lan basa-basa dhaerah iku ngemot sawemaning Kearifant lokel, yakuwi kepriye sawijining masyarakat negesi urip lan panguripan. Upamane, anane tetembungan gupul, aruh, suguh, mretandhani yen wong Jawa kuwi kebak rasa paseduluran wga rasa welas asih. Mula iku, basa Jawa kudu di Jestarikan supaya ora punah. Murih kaleksanane, prelu diadani sawernaning medhia kang migunakake basa Jawa, kayata media cetak, media elektronik, uga media cyber utawa

84