Kaca:Sapu.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BASA JAWA VS BASA GAUL
Erna Yuliona Lestari
SMA Negeri 1 Sentolo


Sejatine, manungsa ing donya iki ora bakal bisa urip dhewe. Urip kuwi mbutuhake intereksi karo sapa wae. Pasrawungan ana ing donya iki ora sempit, nanging jembar. Apa maneh jaman saiki sansaya maju. Mula, ora mokal yen pasrawungan saiki bisa nganti tekan njaban rangkah utawa manca negara, Kabeh kuwi gawe pengaruh tumrap masyarakat jaman saiki, luwih-luwih masyarakat Jawa.

Basa Jawa kalangan mudha tansah katilep amarga kalah karo basa Indonesia kang dadi basa Nasional. Kasunyatane, basa Jawa kang kudune diupaya kanggo mbangun kapribadhen ing- kang pantes, kayane malah katindhes dening masyarakat Jawa dhewe.

Kalangan mudha wes kebacut kena ombyaking jaman. Aja kaget yen tata krama lan unggah-ungguh basa uga melu katindhes. Kayane unggah-ungguh basa kanggo kanca kang sapantaran lan wong sing luwih tua, kuwi dianggap padha. Kamangka, unggah-ungguhing wong Jawa ing Pasrawungan iku sajatine wema-werna, ora kabeh padha. Kudune, kalangan mudha kuwi ngajeni wong kang luwih tua,

Kahanan jaman sajki dirasa mrihatinake. Kalangan mudha

kang kudune nguri-uri budayane dhewe, pranyata malah ngilangake apa kang wis dadi adat pakulinan ing dhaerahe. Miturut

81