Kaca:Sapu.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

dhuwit kang metu malah gedhe dhuwit kang metu. Mula kuwi, wong-wong kang padha mendem iptek akeh-akehe uga banjur padha dadi tukang nglamun.

  S kang kalima: sregep nyelengi.

  S kang kaping lima iki rada enak dirungokake ketimbang sadurunge. Sregep nabung ing kene nduweni teges aregep nabung kanggo nyukupi stok dhuwit kang saya suwe saya entek. Kepenginan marang babagan iptek kang wis dhuwur banget gawe wong-wong kang wis mendem ipick gelem nglakoni apa wae kanggo njelajah iptek. Kayata, ndhudhah celengan kanggo nyukupi kabutuhan iptek. Yen wis ngono kuwi, wong-wong kang wis mendem iptek mau bakal dadi sosok najemen iptek, Apa-apa kang dikepingini mung kanggo nyukupi kabutuhan iptek. Salah sawijine, tuku modem kanggo nggampangake ngakses internet.

  Kuwi mau wujude penyakit 5S kang bisa manjing marang sapa wae. Yen padha kepingin duwe penyakit kaya mangkono. sumangga sareng-sareng sregep dolanan iptek. Saka pakulinan ngutak-atik, pungkasane temtu dadi gegemaning ngaurip.

  Piterang ngenani iptek pancen isih wermna-werna. Ana kang ngandharaken yen iptek menika mengku piguna kang gedhe banget kango moncerake bangsa. Ananging ana uge kang ngandharaken yen iptek asipat ora trep karo moral lan adat ing saperangan negara negara. Sajatine, kabeh mau mbalik marang awak dhewe. Yen awak dhewe bisa mbedakake sing becik karo sing ala, babagan iptek bakal dadi kanca kanggo majokake negara. Ananging yen awak dhewe mung mikirke kesenengen sauntara, wis mesti ipfek bakal dadi mungsuh. Mungsuh sing bakal ngrusak moral lan adat pakulinan kang wis lumaku wiwit mbiyen.

  Sanyatane, iptek bisa asipat migunani, nanging bisa uga ngrugekake. Sipat iptek kang migunani magepokan karo bab-bab iki.

  1. Papan informasi
  Babagan iptek kang bisa di akses kanthi itungan detik mbiwarakaken bab-bab anyar. Informasi mau ditampa saka negara

78