Kaca:Sapu.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

ngendi wae. Ana tnformasi musibah. Ana informasi fenomena-fenomena alam. Ana uga informs! bab perang antarane negara siji karo negara liyane. Kajaba pawarta-pawarta mau, isih akeh informesi kang disuguhkake internet. Cekak aose, kanthi internet, tanpa perlu lelungan, awake dhewe bisa ngerti bab-bab anyar kang dumadi ing saindenging jagat.

2. Papan bisnis

Babagan iptek kang wis saya maju menehi wadah kanggo bisnis. Seka internet awak dhewe isa bisnis apa wae karo sapa wae. Ora prelu nyepakake dhuwit puluhan yuta. Modhal atusan ewu wis bisa duwe website. Kanthi website mau, awake dhewe wis bisa transaksi saksenenge, Yen arep nawakake, sawijining asil karya gari difeto terus diupload. Sawise di-upload, asil karya mau isa di delok saka ngendi wae. Wong mau ora perlu teka menyang toko. Wong mau bisa ndelok ing website kanthi ngetik alamat website. Yen ana sing steg. banjur tilpun. Yen wis cocog, barang banjur diterke marang sing taku,

3. Papan komunikasi

Kanthi internet awake dhewe bisa omong-omonggan karo sapa wae. Wong-wong kang wis suwe ora ketemu, uga bisa digoleki nganggo internet, miligine liwat media-media sosial kang dicepakake ing internet. Selain itu, awak dhewe uga isa telpon sedulur utawa ku lowarga kang ana ing negara liya tanpa mbayar larang-larang. Cukup tuku pulsa kanggo nglakokake internet. Lewat facebook, twitter utawa media-media liya. Yen kepengin luwih canggih uga bisa nganggo video call. Kajaba omong-omongan, awak dhewe bisa sawang-sawangan, adhep-adhepan karo kang diajak ngobrol.

Iptek pancen wis saya maju. Mula, wis salumrahe yen para penikmat iptek uga nduweni pemikiran kang maju. Dolanan iptek aja mung kanggo seneng-seneng. Dadekna iptek papan kanggo nglatih mental lan karigenane awak dhewe. Kanthi media iptek

79