Kaca:Sapu.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

  S kang keloro: sregep dolan tekan ngendi wae.

Iptek nyurasakake bab-bab anyar kang lagi populer, kang lagi dadi pacelathon, Bab-bab anyar mau, gawe wong-wong padha bungah. Kabeh banjur pengen padha ngerti kedadean saktenané. Umpamane, yen salah sawijining sitws npetokake gaya busana kang paling anyar. Ora susal dikomando meneh, wong-wong kang wis mendem iptek mesti langsung teka nang papan kang adol busana anyar mau. Menyang ngendi-ngendi, pokoke ming kanggo nggoleki busana modhel anyar. Yen durung kutemu, durung gelem mandheg. Pokoke nggoleki terus, tekan ketemune. Nyatane, ora ming bab fashion sing dadi bab kang padha digoleki. Bab-bab kayata papan rekreasi, fenomena-fenomena alam, fenomena-fenomena manungsa lan isih akeh meneh, uga dadi bab-bab kang banget dibujung dening facebooker lan kelompoke.

  S kang katelu: sregep ngetokake dhuwit.

  Kaya paribasan Jer Basuki Mawa Beya, ing donya iki ora ana barang gratis. Yen kepingin nduweni apa-apa, bebasane kudu nduwe dhuwit. Pancen, dhuwit kuwi dudu bab kang nomer siji. Ananging dhuwit bisa dadi alat tukar kanggo apa-apa sing dipingini. Ora mung dhuwit kang kudu dicepakake, Miyat lan pangreka uga kudu dilakoni kanggo nggayuh saben kepinginan..Ana dhuwit fanpa niyat lan pambudi daya, kuwi ateges duwe botol, nanging tanpe isin. Miturut kandhane kancaku kang ngakoni kanthi jujur. Saben dinane dheweke ngentekake pulsa Rp10.000,- ming kanggo dolanan facebook, Kuwi durung klebu pulsa kanggo ngandhani keluwarga utawa sadulur. Seka pulsa kang kanggo dolanan facebook wae wis bisa diitung, yakuwi Rp 10.000 x 30 dina = Rp 300.000/sasi. Duh, duh, Rp300 ewu mung kangge pulasa

  S kang kepapat: sregep ngalamun.

  Wong kang wis dadi“umat” iptek, saben dina tansah dolan menyang ngendi wae. Iya, kang asipat Papan nyata, nanging uga marang kang asipat papan maya. Kabeh mau perlu dhuwit. Ananging sawise dietung-etung, dhuwit kang mlebu karo

77