Kaca:Sapu.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU


mau malah gawe elek pokal lan pakulinane masyarakat. Ana kebul mesti ana genine dhisik. Yen masyarakat isa milih antarane sing becik karo sing ora becik, babagan iptek bakal dadi bab kang nduweni akeh manfaat.

Perkembangan iptek kang saya maju isa gawe lunture krenteg masyarakat kanggo mbangun negara, Saking padha senenge dolanan internet, tawuh penyakit anyar. Penyakit kang angel banget ditambani amarga tekane sing saka awake dhewe. Penyakit mau ora isa dipisahkake saka wong kang wis mendem iptek. Penyakit mau, yaiku penyakit 5S, Penyakit iki katandang dening wong-wong kang mendem iptek kanthi titikan ora genah wayah: nglalekake kiwa tengene; ora ngerti apa kang ditumindhakake. Pokal gawe manungsa dadi ora ngerti dalan. Kang bisa nambari penyakit iki mung awake dhewe, Yen awake dhewe ora gelem nambani, saya suwe penyakite tambah ngeyel lan ngambra-ambra. Dene penyakit 5S nyakup bab-bab iki.

  S kang kesiji: sregep dolanan lan ngutak-atik alat komunikasi.'

 Kaya dene cah cilik kang lagi seneng-senenge dolanan, wong kang wis mendem ipiek bakal duwe greget kontak kang angel dipenggak, Penyakit iki gawe wong-wong mendem facebook-an, SMS-an, chatting-an, twitter-an, lan sapanunggele kanthi ora eling, wayah. Wong kang wis mendem iptek bakal ngedhep barang kesenengane saben wayah. Wong-wong kuwi dadi ora isa pisah saka iptek. Neng ndi-neng ndi gaweyane mijeti HP, Laptop, Notebook. Sing luwih parah. Sanajan duwe kanca, wong mae ora ketok nduwe kanca. Kancane sing nang sandhinge nglangut di tinggal smsan terus, Nanging, sing paling nguwatirake: Wong-wong mau ora banget mikir, sapa sajatine kanca kang diajak SMS utawa chatting-an mau. Apa ora aneh? Karo kanca raket ora gelem tetakonan. Nanging, karo sing ora kenal grepyak ngobrol ngalor ngidul. Malah, sok nganti keladuk wusana ndadekake kahanan kang ora karuan.

76