Kaca:Sapu.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
DOLANAN APA?
Aprilia Nur Khamtidah
SMA Negeri 1 Seniolo

Babagan iptek ing Indonesia wis saya maju. Iptek ora ming ana ing kutha kang cedhak karo pusat industri. Iptek uga wis dadi barang lumrah ing desa-desa, ing dusun-dhusun. Iptek isa awujud internet utawa alat komunikasi liyane. Ananging, sing diomongke ing kene winates iptek kang awujud internet, yaiku iptek kang bisa nglantarake awake dhewe tekan ngendi-ngendi kanthi itungan dhetik.

Babagan iptek pancen wis gawe laline manungsa. Ing ngendi wae, kapan wae, lan dening sapa wae iptek mesti padha di-akses. Iptek uga wis wiwit nglingsirake padat pakulinan kang sadurunge banget nyata diugemi. Malah, bokmenawa ora suwe meneh, perkembangan iptek kang saya cepet mau bakal gawe ilange adat tradisi masyarakat Indonesia. Sing paling gawe lara, ilange adat tradisi masyarakat Indonesia mau jalaran saka pokale para nom-nomane.

Saya maju industri-ne, saya canggih iptek-e. Werna-wernaning industri kang dibangun wis ora isa dikontrol, Babagan mau bakal gawe saya akehe penyalahgunaan iptek. Kawitane mono, iptek mengku tujuan kang apik, kang banget migunani. Babagan iptek kala wau nduweni tujuan kanggo majukake masyarakat Indonesia. Ananging bareng lumakune jaman, iptek uga dadi srana kanggo bab-bab kang kurang becik. Akhire, iptek kang saya maju

75