Kaca:Sapu.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

wedhus, pancen ngono kuwi. Luwih-luwih sing jeneng wedhus ireng, jan nyenyengit. Wedhus gembel apameneh, nggembelo endhase. Dheweke sok mamerke, dumeh kandel wulune.

4. Ngripta Sinambi Dolanan

Dolanan iku kasenengane manungsa. Kabeh wong, luwih-luwih bocah adate seneng dolanan. Bocah ketemu bocah asring dolanan dadi "wong tuwa". Yen wong tuwa ketemu wong tuwa, asring dadi bocah kabeh. Pejabat ketemu pejabat, asring dolanan dadi rakyat. Samono uga yen rakyat ketemu rakyat, asring dolanan kaya-kaya dadi pemimpin. Ngono kuwi jenenge dolanan, ora tenan. Ngripta geguritan ora kudu serius, ning santai. Sersan. Yen perlu nganngngo dolanan, ora kudu njengkerutake alis. Dolanan apa wae kena. Upamane, ayo padha bareng-bareng nembang "Yo dha dadi wayang" utawa "Buta Galak". Dolanan bab wayang ngono bisa diselingi nganggo jogged, ben ora pegel boyoke.

Dolanan papat: coba saiki ana sing nembang, keplok, la nana sing njoged. Banjur kowe kabeh ngrasakake apa. Sing kok rasakake iku dadi lajering geguritan.

Dolanan apa wae tetep ana gunane. Dolanan sing diperdi tenan bakal nyegerake awak, malah sing nganggep nambah awet nom. Tau weruh jenenge wayang pendhita Drona? Yen buta Cakil tau during. Wah ana buta sing gedhe meneh, jenenge Dasamuka. Coba saiki liyane dolanan sakelompok. Kelompok liyane nulis apa wae seka anggone dolanan. Yen wis rampung, sing dolanan genti nulis apa wae. Nulisa seka pengalaman anggone padha njoged. Coba, geguritan ing ngisor iki diwaca, bareng karo sing dha dolanan. Yen lagi maca, lagune sing alon aja keseron.

Drona Racut

Sang Drona kojah rajah-rajah kalacakra
Nanging mung kanggo ngumpetake rasa kesumat
Merga ngira yen urip iki kudu balapan

63