Kaca:Sapu.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Wedhus Gembel
sliramu pancen ora adoh seka kandhang wedhus gembel
sing dhemen leladi embel gedhes gembrat-gembret
jebul wedhus gembel ku dhemen mgumbar crewet
sajak ngelak suket lan gegodhongan garing
nanging satemene ora dadi daging


dakteter kasetyanmu wedhus gentbel
kang dhemen mrucutake tembung panyirep sore
melu ngedhul-adhul cathetan berem ketliweng
jibrat niat jember madhadhi tetalining karep
kang nedya ningkes tumangkare jagad


katon banget yen sliramu ngemul mawa
wedhus gembel, ngundha cangkriman leteng
kang banget wengis sesendhonan langu
sesindheriain kebak panantang
dhasar wedhus njaluk ditapuk
merge tipis lamnbernu
nggugah serik jangkrik
Yogya/dedreg/2012


Saiki coba gatekna tenan, apa sing bias koktiru seka geguritan kasebut. Apa waesing pantes dititeni. Yen gelem nggatekake, mesthi ana bab sing pantes dititeni, ditiru. Seka niteni lan niru iku, awakmu bakal kedudut niate. Niat iki garan sing paling utawa tumrap penggurit. Yen wis niat, aja maju mundur, enggal diwujudi. Yen niat nganti disesuwe, bakal wurung nglenthung.

Wedhus pancen kewan sing kadhang ora nyebut, emoh syukur, Senengane gembrat-gembret. Yen anawong nggawa suket, najan wis wareg wadhuke, tetep embak-embek. Najan wis disedhiyani ramban sabentel, yen bias mbradhat seka kandhang, karepe arep nyolong ramban, Rumangsane mangani suket lan rambane liyan iku ora ana tulak sarike. Ning ya ben, karang jeneng

62