Kaca:Sapu.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Ngosak-asik nuamnitra seka Sokalima
Nedya ndhongkel gunung geni

Drona wus kebrangeas mblegudhuge
Njoged ndlangtak sontoloyo
Nalika kasil njeblosake satriya piniji
Nyurung kertas langu kanggo tinbal padhepokan
Sang wiku sing ngaku bakabnandhita
Satemene kendhit ula kores
Nyebar wise paras

Keri ngenteni layung abang ing bang kulon
Sang Drona bakal pamit racut tba keplayii
Nututi ayang-ayong kecenthok
Nalike tetandhingan njeli kepati
Tanpa cemuant mbuwang tiles
Nyugata para kawula dasih
Nganggo kringet reged
Yogya/pepes/2012

  Dolanan sing kepenak apike nganggo tetembangan. Dolanan ora kudu wong akeh. Ning sing becik ana kancane. Arep ngerti, ayo dolanan nganggo tetembangan; Yo dha dadi wayang. Yen during bias ya Bagong Ngamuk, Buta Cakil, Buta Terong. Buta Tjo, lan sapiturute. Coba sinau nyuwarakake buta-buta kuwi, jajal kepriye.

  Ana maneh dolanan Jamuran, Sar-sur Kulonan, Bethet Thingthong, lan liya-liyane, sing kena kangge stana nyenengake piker. Dolanan kuwi nglipur piker buneg. Yen atine kelipur banjur gampang, anggone nganggit. Wong dolanan bakal mbukak rasasing suwe ketutup. Suwalike wong sing emoh lan ora pati seneng dolanan, uripe kaya-kaya garing. Uripe mung sok ngoso, arep nesu terus-terusan

64