Kaca:Sapu.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

3. Niat-Niteni-Niru

Sing wigati, nulis geguritan kudu ana (1) niat, (2) niteni, lan (3) niru. Niat sing apik, pengin gladhen. Yen ana wong ora duwe fiat, iku nglokro tur pepes bebayune. Tegese, wis ora duwe pengarep-arep. Wong ngene iki adate banjur asrah bongkokan. Tanpa daya. Mosok penggurit kok duwe jiwa kaya Ngono, eman, Sadurunge nyoba, perlu niteni geguritan liyane. Apa sing khas lan nuwuhake geguritan iku endah, pantes dicathet. Yen wis per- mana banjur gelem niru, Niru oraateges nurun,

Ora ana pakaryan klebu kreativitas sing murni tenan, tanpa niiru. Jagad iki, sajake diwiradat kebak tetiron. Kebak tuladha, Senajan sing diconto iku during mesthi apik tenan, ning paling ora bakal dadi lajer lan lancur. Nulis geguritan iku Rampang- gampang susah. Ana wong sing kandha “Aku bisa nulis geguritan yen pinuju ing kamar sing sepi. Ana maneh sing kandha “aku bisa nulis geguritan di ing ngendi wae.” Liyane maneh kandha “aku bisa nulis geguritan nalika ati lagi sedhih.”

Gladhen telu: coba wacanen geguritan iki, titenana. Banjur tiru-tirua, apa sing bisa ditiru, amrih dadi geguritan sing nges lan mentes.

Sing baku niat ana. Yen niate becik, tur kepengin bias adat saben karyane saya apik. Mesthi wae wong nial mau perlu dikan- theni ora isin takon, Lan meneh yen kepeksane sok diwada (dikritik) ora perlu runtik, Lamun niat wis kenceng, pengalaman sadina-dina, saben jam, saben menit, lan saben dhetik iku “guru sejati" tumrap penggurit. Geguritan bisa ditulis adhedhasar Ca- thetan padinan. Pengalaman saben dina iku wujud cathetan kang wigati. Ana cathetan kang banget nabet lan nggaret ing ati.

Coba tamatna (titenana) geguritan iki ngemu cathetan apa, apa sing bisa koktiru, Wis tau weruh wedhus ta? Wedhus iku werna-werna, ana sing weshus etawa, wedhus prucul, wedhus gembel, wedhus Jawa, lan sapanunggalane. Awake dhewe kuwi, kadhang sok kaya wedhus, Apane? Wong titen bakal panen.

61