Kaca:Sapu.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Bethari Larnis

Daksawang sang bethari lamis ngingis siyung
Negeyup ing pedhange buta-buta bideng
Aling-aling mendiuorg dewaning langit
Kareben trekahe bodong ora kalemptt
Guneme alus arum jamtban ngganda lamis

Sang bethari ngake trah resik nanging busik
Dhemen ngosak-aaik fatanan jember
Kang dientha lelamisan ing alas reged
Sliramw tegel nglethak batung-balusig serik
Sang bethari, dhemen mggecyu lakak-lakak
Kebak panyertges mbuta galak kemilakak

Sang bethari lamis wengis ngrenda pepacuh
Idu geni mengalad-dalad ngobong mbun-mbunan
Kanggo nutupi petenge dhiri obahe lala sisip
Sing sedhela meneh bakal Klakor nglentruk
Kekes nyminang kembang-kembang paes
Kasep garing ngundhuh tangis pedhes
Yogyakarta/esuk geter/2012


Sapa ta bethara lamis kasebut? Mangga wae, sing maca kena ngarani siji-sijine wong. Sing genah, prejengane wong iku klebu priyayi. Geguritan sing apik, ora mlaha, ning kudu simbolik. Kanthi symbol bab sing mesthine sinengker, ora katoan banget ngegla. Geguritaniku srana kanggo mbungkus ide. Ide diwungkus kanthi samar, supaya sing maca kesedhot. Gegaran symbol, penggurit luwih merdika kandha apa anane. Penggurit iku ora liya kritikus

jaman. Kadhangkala, penggurit uga rada kuwanen, ngritik pemerintah, Menawa anggone ngritik tanpa bungkus, bakal nuwuhake dredah. Kanthi symbol, sing dikritik ora bakal mrekitik, ning malah lega.

60