Kaca:Sapu.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

sawermaning ide. Kawigatene penggurit iku luwih menjila, ka- dhang sok ora tinemu nalar.

2. Nandur Simbol

Simbol tanduran, dudu thukulan. Tegese, kudu asring disi- rami kaya kembang ing taman, Gawe geguritan prayoga nggu- nakake symbol sing ditandur jero tenan. Gawe geguritan iku, sing becik sugih symbol. Lire, satemene bakal ngandhakake per- kara kang gawat, nanging diwungkus nganggo symbol. Pamrihe, kejaba luwih endah, symbol dianggep paling aman. Kekuwatan penggurit dolanan symbol, bakal mikuwati greget lan wose gegu- titan. Geguritan sing lair ora bakal wewentehan, wantah, lan nglegena. Wuda, iku endah, nangin simbolik luwih endah.

Simbol bias wujud apa wee. Sing baku ana analog kang luwes tur nalar. Simbol sing ora ora nalar, dianggep aeng, malah dige- guyu. Ana maneh panemu, gawe symbol iku nganggo apa wae sing wong liya wis dha tepung.mangga. Ning kanggoku, ben basa kuwi ngrembaka, gawe symbol sing aneh-aneh malah luwih trep. Yen perlu ben para maos gelem sinau. Ora mung manut sing wis ana wae,

Gladhen loro; coba iki adegan wayang mangkene gatekna kang permati. Mbokmenawa ana symbol sing bias dipethik, Merga geguritan iku leladi sing wujud symbol. Geguritan kuwi nggam- barake sawijine bab, kanthi ora wantah, ora nglegena. Sing baku, kudu sugih symbol-simbol. Simbol mono tetep digawe sing nalar. Lumrahe bias nganggo symbol (a) kewan, (b) wit-witan, (c) wa- yang, lan sapiturute.

Wayang kuwi, dijogedke apa ora wis mujudake symbol. Luwih-luwih yen wayang mau digelar, disimping, dan dimainke ing pakeliran. Wayang sing wujud buta lan satria, iku wae wis nggambarake symbol sing ora entek-entek dikedhuk piwulange kang endah. Geguritan iku butuh wadhah kang endah. Sangertiku dolanan symbol manekawarna bakal luwih prayoga. Kira-kira geguritan ing ngisor iki, ngemu symbol apa.

59