Kaca:Sapu.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

encer. Bareng ngona, apa sing bisa kokpethik seka kedadeyan iku. Apa ana sing bias digagas dadi ilham ing geguritan. Apa sing mesthi kokrasakake. Apa sing kokanggep aneh seka keda- deyan mau. Banjur apa wae sing bias dipethik, kanggo tuntunan tumrap urip berbayan. Geguritan ing ngisor iki coba waspadakna, fagasan apa sing bakal digelar.

Pawongan Ngasak Pedhang
Ana pawongan kumlebat nyolong lak, sumitra
Tega ngasah pedhang kumelap ngitis tatanan
Ngathungake pedhang mingis-mingis scka pungkteratt
Pengin klilipe tika amtbleg godras tatw kidak-Kielak
Mitraku, pedhang ike gumlewang kanggo nebus getiting
Kanggo nglunasi julig lan naker ajining dltiri

Sumitra, sing ngasah landhepe gegaman culike Krew
Ngecret-ecret kidung munafikun kekudhung walulang kirik
Ngosak-adik pranatan, siyaga nyathek dhedhemitan
Tanpa wigah-wigih ngumber bebener sing ore pener
Nedya midak cengel nguiur jangkah lembut

Adhuh sumitra, sajake sing kudiimngan siralt aste
Terus ngelus pedhang aslendhang panundhang
Katon yen wis mambu lemah ngelak kenthong jugag
Katitik praupane ngembang kacang ngonclarg rembug
Nedya nyencang tali pati nuju sangkan paran sepi
Nanging ninggal kesumal ing pabaratan bawere
Yogya/kampungan/2012

Penggurit kuwi sawijine wong pinter. Apa wae kena dadi incengane penggurit. Kedadeyan sing wong liya ora pati nggagas, klakon malah dadi incengane penggurit. Ngere iki nuduhake menawa penggurit pancen wong wasis, kesinungan kalimpatan. Paling ora, penggurit kena disebut wong sing prigel ndhudhah

58