Kaca:Sapu.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SEPULUH TATACARA

NULIS GEGURITAN SING NGES

LAN MENTES
Suwardi Endraswara & Krishna Miharja

1. Tuking Ide

Tuking ide (gagasan) sing paling cepak yaiku seka telung perkara: (1) seka sing dideleng, disemak, lan dirangu, kang ndudut rasa trenyuh, wedi, dheg-dhegan, (2) seka pengalaman pribadi kang banget nabet,kayata nalika dijewer wong tuwa, dilarani kanca, dikhianati, lan sapiturute sing angel dilalekake, (3) seka kahanan sing paling nyenengake, angel tandhinge.entuk kabegjan.

Gladhen Siji: Coba saiki gatekna, aku bakal gawe pangeram-eram iki, Tarmatna, “kertas Koran" iki bakal owahi wujude, coba tamatna: (1) bakal dak kruwes, dakuwel-uwel, (2) dak suwir-suwir, (3) bakal dakwenehi dakcelupke ing banyu. Apa sing bakal dumadi, (4) bakal dakobong. Ayo dirasakake, sejatine mrentul idea pa seka fenomena kasebut. Fenomena mangkono mung cara (strategi) kanggo nggugah tumangkare ide. Aku yakin menawa ide mono ora bakal muncul ngono wae yen tanpa “rangsangan” (stimulus). Selagine wis dirangsang wae, asring ana pengpurit sing ora metu-metu idene,

Ide sing becik iku kang orisinil, during kecampuran apa wae. Tegese, ide kasebut mrentul seka rasa kang jero. Menawa ide mau nabet banget ing rasa, iku nandhani bakal anggone mahyakake, Ide sing asale seka kedadeyan kang ngedab-edabi, aneh, cetha luwih kepenak anggone nulis. Biasane ide mau luwih

57