Kaca:Sapu.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Sunare tansah madhangi
Petenging wengiku iki
Lan tumekane srengenge
Sing tak enteri eseme

BUBRAH


Sipat pemimpun saiki ora kaya dewa
Nanging kabeh kaya buta
Mulane Raden Arjuna
Banjur owah dadi Cakil
Maune ngayomi
Banjur mateni
Pejabat pada korupsi
Ora eling marang janji

Pemimpin iku
Kaya manggung tanpa aji
Lagake pinter tur minteri
Dadi panutan lali kuwajiban
Dadi ndhuwuran lali andhahan

Gathotkaca kang sampurna
Wus ora duwe daya
Punokawan cacahe sekawan
Ora bisa nglawan
Merga ukum ing nagari iki
Bisa didhuwiti
Syukur yen bisa mawas dhiri

55