Kaca:Sapu.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Shella Afriana Cahya Putri
SMA Negert 1 Gamping

BIYUNG


Sliramu kayata bagaskara
Nyunari jiwa
Anggugah sumelehing raga
Gawe grengseng jiwa ringkih
Sipatmu kang wicaksana uga dadi tuladha

Biyung ...
Sliramu wus kecingkrangan
Golek sandhang pangan
Kagem ngupaya panguripan
Kanthi nemu kabagyan
Tansah paring winihing katresnan

Esem lan parasmu
Kaya widadari
Nalika awan utawa bengi
Awakku kok gemateni
Nganggo tresnamu sing tulus suci
Mbimbing anggonku lumampah
Tumuju gegayuhan sejati


WAYAH WENGI


Sumulir angin sing ngancani
Nalika aku lumaku nurut pinggiting wengi
Sepi nanging nentremke ati
Lampu-lampu pada gumebyar kaya lintang
Nrawang nyawang langit kuwi
Rembulan kang mung sawiji

54