Kaca:Sapu.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012



Semono gedhening tekadku
Kanggo ngrebut katresnanku
Kanggo mikat atimu
Kanggo njiret sliramu

Kayadene lemah bawera butuh ilining banyu
Rasa ngelak uripku butuh katresnanmu
Kang bisa ngilangake rasa pait
Paiting urip mung dhewe

NALIKA BANDHA DADI RAJA


Manah linambaran ikhlas
Angadhepi jaman kebak angkara murka
Jaman tansaya edan
Nalika bandha dadi raja

Kaya Yudhistira, Rat Amarta
Kajebak dening Kurawa
Garwa, brayat, jatining dhiri kataruhake
Ngabotehan

Kurawa ala
Agawe dora lan kalahing Yudhistira
Garwa, brayat, jatining dhiri, karengkuh
Tan bisa kaampet, rasa keduwung ing ati

Kaya mangkono, ati lan pikirane manungsa
Nalika katutup dening nepsu donya
Apa-apa katotohake, apa-apa kalalekake
Namung getun tembe burine

53