Kaca:Sapu.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Shelvi Pratama Putri
SMA Negeri 1 Wates

LELAKON


Ndeleng lelakone manungsa
Saiki memper kewan
Seneng serik
Seneng drengki ra duwe ati

Abang-irenge manungsa
Abang-irenge kewan
Ora ana bedane
Sipat manungsa madhani sipat kewan

Tan sadhar marang laku ala
Kancil kang julig diconto manungsa
kethek kang murka dening licike kancil dadi gendra

Kethek lan Kancil tansah wales winales
Semono uga solahing manungsa
Eling marang urip tembe buri
Wis adoh saka panjongka


KAYADENE TRESNA


Milining banyu, kaya milining tresna ing ati
Weninge sagelas banyu
Kaya dene sucining tresna
Kang bisa gawe tentreming ati

Tetes-tetesing banyu
Bisa ngkis watu atos
Tetesing katresnan bisa mili tan bisa dipepalang
Ngruntuhke ati kang padas

52