Kaca:Sapu.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

KASUNYATAN


Tresna lan cidra lair
Tresna lan cidra lunga
Tresna lan cidra gilir gumanti

Wektu mbiyen kagusul saiki
Wektu ilang kaganti wektu saiki
Bingung jroning atiku
Kabeh angel dimangerteni
Mung gawe sangsara kaya perang BHARATAYUDA
Nggegadhang seneng panglipure punakawan

gayuhanku nyawiji tan kapisah
Kaya tresnane RAMA lan SHINTA
Tresna kang golong gilig
Ngentaske sakehing panggodha

Tresna iki wus suwe tak simpen
Muga enggal kawujud
Ora mung ngimpi
Kasunyatan endah tembe mburi

51