Kaca:Sapu.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Antonius Andi Gunawan
SMA Tamansiswa Nanggulan

TRESNA ING PIKIR


Putihing kertas murub kena geni
Urub kang mubal-mubal angel anggone mateni
Kaya urubing atiku kang tresna sliramu
Tresna kang makantar-kantar marang sliramw

Kertas putih memplak lan mubyaring geni
Pratandha tresna suci gumrengsening ati
Tresna kang ambakar jiwa, raga, lan atiku
Tan gampang mati

Sucining tresna kang mbakar ati
Tan bisa pinikir
Amarga mumeting jiwa

Muga tresnaku tetep murub
Lir geni angel dibesmi

50