Kaca:Sapu.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Senajan wujud kaya buta
Nanging watak satriya
Tangguh mbelani negara
Adoh saka laku nistha

SWARA LONCENG


Theng ... theng ... theng ...
Bendhemu ngelingake jatining dhiri uripku
Ngrengkwh ati kang karanta-ranta kalunta-lunta
Panandhang urip kang abot
Amung bisa ngelus dhadha nrima pepesthen kang wis gimaris
Dhuh Gusti Pangeran Kang Maha Agung lan Welas Asih
Menapa menika panandhang gesang ing jagad?

Theng ... theng ... theng ...
Bendhemu ngagetke pikir ing panandhang urip
Saya adoh pangrasaku

Marang lelakon uripku
Sanadyan akeh pepalang
Aku isih bisa ambegan
Maju ngrengkuh pangajabku
Urip iku pilihan dudu latihan
Sapa sing salah bakal seleh
Sing bener pikantuk bebener
Mula tumindaka becik
Supaya uripe ora kecelik
Uwong jaman saiki
Ora jireh kampiran dosa
Amarga mung mburu donya
Age-age padha elinga
Dohna sadaya tindhak nistha ala

47