Kaca:Sapu.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Oktafia Efi Purwanti
SMK Ma‘arif 1 Nanggulan

TRESNAKU KANGGO SLIRAMU


Bening banyu sakjroning gelas
Ngelingake wening bregasing praupanmu
Polahmu sing anteng jatmika
Nambah gedhening tresmaku
Esemmu tansah dak eling-eling
Nabet raket sakjroning atiku
Kahananmu kang sabar prasaja
Nuwuhake kapercayan tentrem lelabuhan neng atin
Pantes kanggo gondhelan saklawase uripku
Rasa tresnaku murub mubyar tan kena kabesmi
Eman sliramu agawe lara atiku
Ati cuwa mangro bingung
Nanging kaya semine pucuk-pucuk miathi
Sliramu tetep dak anti awan bengi
Kanthi donga pamuji marang Gusti


ADIPATI KARNA


Andelira Sang Prabu Karna
Satriya ing Ngawangea
Aran Adipati Karna
Seneng njunjung kasudiran
Luhur bebudine
Uga seneng tetulung
Si Karna kena diconto

46