Kaca:Sapu.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Prihatin Rustantnaji
SMK Muhamiuadiyah 1 Lendali

KASATRIYAN


Rawe-rawe rantas
Malang-malang putung
Maju terus aja pisan-pisan mundur

Angin gedhe kang nrajang awakmu
Geri mulad-mulad kang ngobong ragamu
Tok adhepi kanthi ati suci
Anoman ora wedi mati
Kanggo mbelani laku bebener
Lila kurban jiwa raga maju mbrantas memala

LAKUNING URIP


Urip iku nganggo laku
Aja nganti grusa grusu
Urip iku ibaratae mampir ngombe
Ati-ati aja keselak amarga kesusu
Supaya kecekel penggayulunu

Simbok weling marang aku
Bapak tansah nuntun lakuku
Dalan ora mung alus mula sing waspada
Akeh krakal mendhosol aja nganti kesandhung tiba

Uripa bener adhedhasar iman lan taqwa
Marang kang Maha Kuwasa
Sregep ndedonga supaya bisa ngrasakake suwarga
Uripa prasaja supaya kaleksanan kang dijangka

48