Kaca:Sapu.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Khabib Asror
SMK Moa'arif 3 Wates

KEKASIH SUTRESNAKU


Binareng kembeng-kembeng waspa
Dak sawang urubing cahya saya mbleret
Ngupaya nylamur pengeling-eling ngegla ing dhadha
Sarimbit karo sliramu kang saiki datan ana
Saiki aku ijen tanpa kanca
Ing satengahe urip kang sepi nalangsa
Dhewekan, tanpa sliramu ing sisihku
Dhuh, larane atiku
Aku kok tinggal lunga
Panangisku ijen jroning sungkawa
Sapta dina isih brangti
Ing sawalike lawang kamarku sepi
Kelingan prastawa endah
Lelakon kawuri tansah sesandhingan sliramvw
Arep daksimpen jroning kalbu
Kekasih sutresnaku
Pocapan pepisahan kumecap ing lathiku
Muga-muga sliramu tekan papan sing kok tuju

45