Kaca:Sapu.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Kadya candra ngebaki kalbuku
Kang tansah nuwuhake angen-angen endah
Gawe tentreming uripku lan uripmu

KUMBAKARNA


Kumbakarna awujud raseksa
Raseksa kang nduweni watak satriya
Seneng marang bebener
Panggah mbelani kabecikan
Kanthi aji-aji gedhong menga, petak gelap sukethi
Uga citra kalasupta
Kumbakarna bisa dadi tuladhane manungsa
Tuladha bab wohing pakerti
Aja mung mbiji watak saka wujuding awak
Aja ngukur budi saka clorote rai

44