Kaca:Sapu.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Ike Madyarinn Mastuti
SMA Negeri 1 Kalasan

LAKON MANUNGSA


Ing jaman edan iki
Donya saya tuwa lan kebak crita
Crita kang tansaya ngaru ara
Kang ora trep karo gegayuhan adiluhung
Crita ala sipating manungsa.
Kang tansah mblenjani janji

Ngudhal-udhal omongan ngayawara gawe serik
Seriking ati pinggeting pikir
Kabeh dilakoni tanpa ngrasa dosa
Dhemen ngapusi lan mblenjani janji
tindak julig lan angkara ngambra-ambra
Agawe rusaking tatanan nagara
Apa iya murka lan angkara ora bakal sirna?

TRESNA

Tresna kang suci
Mili sajroning ati
Gumuruh kuat kadya tirta jaladri
Gegambaran rasa tresnaku marang sliramu
Sliramu kang tansah ngguya-ngguyu
Sliramu kang dadi pepujan atiku
Esem ngujiwat kang ngruntuhake ati iki
Kasiram tajem sororting netra

43