Kaca:Sapu.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Tetesing tirta rumangga
Kumrenyes ing salira
Ana tirta lan agni
Kang dumadi bebarengan

tirta lan agni ing badan
tansah lumaku bebarengan
minangka cagaking panguripan
bregasing praupan

Satetes banyu
Bisa agawe anyesing badan
Sapelik agri madhangi sarira
Loro manunggal ing raga

WAYANGANE MANUNGSA


Lumakune wektu
Dhong..dhong..dhong..
Tansah gandem swarane
Njalari geter lan ndredheging manah

Bubrah, slangkrah, remuk kabeh
Jalaran lakune Gatutkaca
Kang anduweni otot kawat, balung wesi
Ananging apa bisa manungsa padha

Lire manah kuwat badari prakosa
Kenceng piker lan wicaksana
Kaya lakon wayang
Lumaku ing alam donya

42