Kaca:Sapu.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Rani Dita Pratiwi
SMA Negeri 1 Wates

LELAKONE KANCIL LAN MUNYUK


Kancil kang culika
Manjalma dadi manungsa-manungsa ing donya
Engga atine pada wuta
Wuta marang kasangsarane kahanan
Mripat munyuk abang mbranang
Neguya-ngguyu ngumbar angkara lan culika
Memper munyuk manungsa ngumbar hawa nganggo mata
Cekakakan nyebar prahara
Kancil lan munyuk kekarone mbubrahne donya
Regejegan gawe perkara
Manungsa dredah ing sabarang papan
Agawe adoh katentreman
Manungsa munyuk, kancil bosok
Dhasar kancil bosok munyuk bobrok
Ana grundeling ati kang lara
Pandhita sedhih mikirke nasibe manungsa
Manekung mring sang Hyang Dewa
Amiih titi bentrem lan raharja

TIRTANING SALIRA


Tlining banyu iki
Katingal adhem ing netra
Jalaran banyu ampuh nentremke pikiran
Nyegerke saranduning badan

41