Kaca:Sapu.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

GURIT WAYANG

Kaki bajang sapa kae sing tetangisan
Apa Sukrasana kang mecati
Awit pinegat tresna dening Sumantri
Adhuh Biyung-adhuh Bapa
Kelangan kadang luwih dene lara
Tinimbang landhepe sanjata cakra
Ngono unine pisarmbate

SATRIYA IKU, DEN


Rasa duk kesabet sarpa iku ... kena
Nuduhake samun bangere separa arume arum dalu
Lan lupute raja kang menang agunge perang madya
Tku jenenge lara, Den
Tamba gumedhene sirahmu

Raja tan mlaku dipepet beteng iku ... kena
Nuduhake dalan liya
Ing ngendi cahya kaalusan madyaning peteng cupet akeh
kang aria
Iku jenenge kalah, Den,
Guru kanggo luruse lakurnu

Jenenge satriya iku, Den
Diblebed lara tan rasa sengsara
Dijiret kalah tan dadi ngresula
Nanging saka lara, kalah lan duka
Malah njilma, gagah prakosa kaya Raden Werkudara

40