Kaca:Sapu.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Tresnamu iku Kayata latu suci kang gawe anget ing manah Nadyan latune gedhe mobyar-mobyar Mung ana rasa ayem lan tentren

Tresnaku iku Kayata tisu kang tipis ora kaku Uga reged ora tau Rembesing banyu kang ngebaki tisu Kayadene ilining tresnaku marang sliramu Gedhene tresnaku kaya mubyaring lata Bening banyu lan angeting latu Gambarake suci lan langgenging katresmaku </poem>

GETERING ATI

Ati kang nandang getir
Mesthi anggegulang amrih tatag-teleg yen ta nrajang prahara
Tembung kang njendhel-kenthel bisa cuwer-ajer
Kanthi alusing wicara lumering sutra ngayomi dhuhkita
ing jiwa
Dhedheting ratri kang ngrumpaka peteng mesthi bakal
mungkur
Dening oboring cahya rembulan nabrak dharati
Ngupadi lowahan niliki sang Pungguk kang tansah kangen, lara brarita
Sabanjure..awan wus manjalma, ngowahi punjering suksma
Kadya antenging tirta ing tlaga biru
Nelurubi sekeling driya
Karana kangene durung kaweales
Entenana, dhuh ati..
Arep ana warta saka kadohan anitip weling
Yen kluwung ngarak dewangkara nyuluhi eseme
Gawe angeting kangenmu.

39