Kaca:Sapu.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

... mina ... mina
Minane miayu, sakiwa tengene wisma
Agung wismane gawe ciyut ing marga
Agung wismane gawe ciyut ing nala
Kepriye dadine yen tirta ilang beninge?
Kepriye dadine yen tirta ilang kuncarane?

SI SETA


Si seta iku Prabu Yuddhistira
Memplake mabur sadhuwuring donya
Satengahing segara ...
Si seta nemoni obar-abir ing nala
Nalika nyawang adhine kesilep dahana

Lirlhe guruh kang cumethar mad yaning jiwa
Anggeret si seta mudhun branang ludira
Nanging tan jugrug ninggalake seta
Tetep marta ing kauripan, datan dhuhkita

Martane, lir tirta ngrendhem dahana
Pandhawa sumurup damar ing swarga
Martane, lir tirta ngrendhem dahana
Pandhawa nemoni tentrem ing rasa


TRESNA IKU


Tresnamnu iku
Kayata beninge banyu kang mrembet sadawaning getihku
Bening ... gawe adhem lan resik ing raga
Bening ... gawe anteng lan seger ing jiwa

38