Kaca:Sapu.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Egha Friyansari
SMA Negeri 1 Sleman

LAKON ING DONYA


Lakon ing donya
Kebak perkara ala
Dredah kang saya ndadra
Ora bakal bisa akur

Kadya crita si kancil lan si kethek
Kang wales-winales culika
Si kancil.. julig
Gawe sega bosok kanggo si kethek
Si kethek... murka
Mbales kancil nggawe cilaka

Sejatine...
Si kancil lan si kethek kang urip ing donya
Kadya wong kang licik lan seneng blenjani janji

TANGISE NARMADA

... mina ... mina
Minane mlayu saka selendhang biru
Kang kagambar saka ulu
Kiwane si babad alas, nangis nyawang lakune
Mosak-masik kasamber banyu sing lagi nesu
... mina ... mina
Minane mlayu sambi mecucu
Nyawang segara sampah sing mendhem lemah
Bumi tuwa netesake waspa

37