Kaca:Sapu.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Welas asihku wus ora bisa tak rasa
Pangangen-angenku wus sirna
Winih tresna wus tan ana
Garing kemripik kemelap kena surya

Baruna ora bisa nggambarake melangsane atiku
Sunaring candra kaya-kaya ngerti rasaning atiku
Mripatku rayam-rayam nyawang ruweting pikirku.....
Tandha tresnaku cinidra sliramu
Iki lelakon uripku
Tan gela kelangan sliramvu


KATRESNAN

Woh palem ing plataran dadi seksi
Nalika atiku tentrem merga slitamu
Wektu kuwi sliramu ngucap janji
Wektu kuwi sliramu kandha tresna
Saiki sliramu lunga
Aku lan sliramu wus ora ana pa-apa
Aku mung bisa ngupaya
Muga-muga sliramu bakal bali

Apa sliramu ora kelingan?
Sanalika tetes luh mili ing selaning mata
merga getun kelangan sliramu
Ing wayah wengi aku nyenyuwun marang Gusti
muga-muga sliramwu ora lali marang aku
sliramu tak tunggu nganti tekaning pati
aku tresna sliramu salawase
ora bakal ilang kepangan wektu

36