Kaca:Sapu.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Bencana kang wus teka uga dados tandha
Menawi prabu Dasamuka wus dadi panguwasa ing alam
donya.....

GOLEK NGELMU


Tumindakmu nggambarake dalan uripmu
Solah utama kanthi ilmu kang tumata
Dadia satria kaya ta Gathutkaca tansah mbelani bebener....
Kaya ta Nakula lan Sadewa tanpa pamrih asih tresna
sapadha-padha

Ilmu iku pitutur becik
Tular-tinular tekaning pati
Kitab Ramayana dhapukaning Mahabarata
Ilmu kang utama pathokaning urip

Tulisan Jawa HANACARAKA
Kang sumebar ing jagat raya
Sanajan methik ilmu ing pucuking gunung
Kabeh ora bakal rugi......

LUNGIDING ASMARA


Tresna kaya ta warih
bening suci tekan ati
Tresnaku marang sliramu
Ora bisa ilang katrajang samirana

Warih uga ngandhut bebaya
Butuh niat teguh sentosa
Miturut pathokaning urip sejati,
Ananging warih suci bisa kacampur dahana
Amarga prasangka ala lan rasa curiga
Kados dene sliramu
kang tega mblenjani janji

35