Kaca:Sapu.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU Eka Yuliana
SMK Negeri 1 Kalasan

BANDHA AGAWE SENGSARA

Politik ing jaman saiki wus ora karuwan
Korupsi cetha sumrambah ing jagat raya
Pikiran resik wus ilang merga bandha
Manungsa kaya kewan ra duwe ati

Saben-saben ngapusi rakyat tan mikir sengsarane
Kaya kancil methakil
Demen ngapusi liyan
Manungsa uga padha ora mikir liyan
Kancil jalma ing watake manungsa
Gawe sengsara rakyate
Kapan dheweke eling janjine
Agawe makmur rakyate
Saiki pemimpin awatak kancil mung gawe bubrah
Bumi saya rusak lan katon susah


BENCANA LINGKUNGAN


Swara kendhang wus ilang katrajang piano
Lagu jawa wus muspra kaganti musik pop
Alas kang jembar lan kebak reribetan
Mula saiki amung gundhul kasawang netra

Beda kocap kacarita rumiyin
Saknalika rama dibuwang ing alas
Wektu iku taksih asri nentremke batos
Ananging merga manungsa, kabeh bebaya padha teka....

Carita among dados klangenan lathi
Ratu kang sekti ing alengka wus ra duwe panguwasa

34