Kaca:Sapu.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Ibu,...bapak....
Aku ora bakal wani-wani
Wani marang wong tuwa
Supaya uripku bakal begja mukti
Ibu, bapak....apuranta kula

NGGAYUH CITA


Ala lan beciking urip kuwi biasa
Tumindak ala, balesane ya mesthi ala
Tumindak becik, balesane ya mesthi becik
Nanging kabeh kuwi mesti ana hukume

Gusti mboten sare
Semono uga karepe bapake
Gegayuhan kuwi ana ing dhuwur kana le...
Gegayuhan kuwi ana ing pucuking kana nok.....

Aja ngedan!
Kahanan zaman wis awut-awutan
Latar maknane wis urakan
Jasane satria wis arang
Dhuh, Gusti,..Gusti...
Semono kuwi pancobaning urip

Mulane kowe kudu tetep mandireng pribadi
Bungahke wong sak kiwa lan tengenmu
Prayogane tetep dadi satria ing jaman edan
Satria ing jaman miring
Nanging, kowe aja edan, aja miring
Kowe kudu dadi satria pandhita
Nelestatekake budaya sinambi nggayuh mukti sejati

33