Kaca:Sapu.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Atiku sepi, yen sliramu ora ana neng sandhingku
Pikiranku nglangut yen wewayanganmu tansah
ing pikiranku
Dak sawang banyu bening ing gelas ana ngarepku
Lan tresnaku luwih bening tinimbang banyu ikw
Uga suci putih memplak kaya tisu
Tresnaku bakal lanepeng
Sak dawane uripku

Dadi, apa petlu takon maneh?
Tresnaku marang sliramu ora bakal musma
Dadi awu
Malah tansaya ngebaki kalbu!
Mula sliramu aja mangu-mangu
Merga tulusing tresnaku

AJA WANI-WANI

Kembang melathi ing taman
Ambune ngambar tekan kamar
Dak rasak-rasakake wangine
Arum lan nyenengake

Awan wis lingsir sore
Wayah ngene simbah isih sare
Aku ngalamun, sinambi sendhe-sendhe dhewe
nyawang kembang melathi kang putih asri
Neelingake aku, ing tumindak suci
Kudu taberi lan beleti

Aku njola kapet
Nyawang jam sing wis arep mati
Njupuk banyu lan nindakake ngaji
Njaluk ngapura, merga ora ngajeni

32