Kaca:Sapu.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esal Bengkel Bahasa dan Sastre Jawa 2012

Awnelin Putri Adira Kusummwardani
SMA Negeri 1 Sentola

NGENTENI MALA

Ana carita
Carita kaya-kaya dongeng
Mung Kaya dongeng

Ngapusi mblusukke
Wha ha ha.....
Angkara murka iku pancen nyenengke
Ndableg kuwi wis biasane
Mbales lakon elek kuwi wajib kudune

Ana lelara, ananging....
Sing krungu malah ngguyu mulya
Ana seneng, ananging....
Sing krungu malah nangis ngenes

Aduh ... aduh .....
Sipat kang ala nyiram donya
Donya mati!
Kebecikan wis ora ana!
Donya iki wis bakale ora mulya!
Kiamat.....kiamat.....!

TRESNA SAK LAWASE

Awan kang sepi
Sak gelas wedang putih ana neng ngarepku
Suci bening memplak putih kaya tisu
Mung siji, kabeh nate nduweni

31