Kaca:Sapu.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

SECANGKIR URIPKU

Wengi iki tak entekake secangkir uripku
Supaya jejeg cagaking mripat iki, kanggo
Nggladhi kawruh kang wis tansaya ajer
Tansaya ilang ing ombyaking jaman

Ngiris-iris tansaya miris
Sakjroning ati, brebeg
Guyu tansaya sero, kiwa tengen kupingku
Katon samba ing seésawangku
Kertas-kertas mlayu wegah dak tulisi
Nanging cagak iki kebacut manteb
Gawe sayahing kertas nganti lumet
Dakmuntahi isining pikir
Apa guyu isih tak rungu?

30